Sunday, March 14, 2010

Drama Basa Jawa

Sinopsis

Sadela malih dina ibu. Upin lan Ipin kepingin ngrayaake dina ibu, nanging dheweke bingung amarga wis ora duwe ibu. Upin lan Ipin takon marang Eyange. Eyange ngutus Upin lan Ipin takon marang mbak Ros.
Banjur Upin lan Ipin takon marang mbakyune, mbak Ros, piye carane ngrayaake dina ibu yen wis ora duwe ibu. Mbak Ros kandha yen Upin lan Ipin tetep isa ngrayaake dina ibu, tapi ora ngewenehi weruh kepriye cara ngrayaake dina ibu kuwi. Upin lan Ipin banjur dikandhani yen pengen melu ngrayaake dina ibu karo Mbak Ros, sesuk esuk-esuk kudu melu dheweke. Upin lan Ipin manut wae.
Dina iku Upin lan Ipin dolan menyang omahe Meimei bareng karo Mail. Ing omahe, Meimei lagi nggawe kertu ucapan Dina Ibu kanggo Amake (Ibune). Upin, Ipin, lan Mail njaluk diajari Meimei kepriye carane nggawe kertu ucapan Dina Ibu. Meimei ngajari kepriye carane lan hasile, kertu ucapan Dina Ibu sing lucu-lucu.
Sesuk esuke Upin lan Ipin melu Mbak Ros. Pranyata, Mbak Ros ngajak Upin lan Ipin mara ing pusarane wong tuwane. Telung wong iku banjur ndungo lan nyekar, ngrayaake Dina Ibu ing kono.

***

1.

Dina iku, Upin lan Ipin mulih saka dolan karo kanca-kancane. Rong dina maneh iku dina ibu. Nanging Upin lan Ipin bingung, amarga wis ora duwe ibu maneh. Wong tuwane wis pada seda, utamine Ibune.
Upin lan Ipin : “Assalamualaikum”
Ujaripun Upin lan Ipin bebarengan.
Eyang : “Waalaikumsalam. Eh putu-putuku wis padha teka…”
Upin : “Sampun, eyang. Eh, eyang…”
Eyang : “Apa ?”
Upin nglirik dulur kembare, Ipin.
Ipin : “Eyang, kalih dinten malih niku dinten ibu. Nanging kula kaliyan Upin mboten kagungan ibu, eyang. Pripun eyang ?”
Eyang : “Oalah… putu-putuku… awakmu kabeh takon wae karo mbakyumu”
Upin lan Ipin mlaku ing kamare mbakyune. Mbakyune lagi ngerjaake tugas.
Upin : “Mbak…”
Mbak Ros : “Apa ?”
Ipin : “Kalih dinten malih niku dinten ibu. Nanging kula mboten kagungan ibu, mbak. Kados pundi, mbak ?”
Mbak Ros : “Aku weruh iku. Awak dhewe tetep isa ngraya ake dina ibu kok. Tenang wae”
Upin : “Pripun caranipun, mbak ?”
Ipin : “Pripun, pripun, pripun ?”
Mbak Ros : “Ana wae lah. Wis aku arep ngerja ake tugas, ngalih kana kowe padha turu wae !”

Karo rai nesu, Upin lan Ipin marani eyange sing lagi ndeleng tivi.
Upin : “Eyang, eyang. Mbak mboten purun maringi ngertos caranipun, eyang”
Ipin : “Inggih eyang”
Eyang : “Hadah, mbakyu mu kuwi isih repot”
Upin : “Eyang, ibu menika kaya napa ?”
Eyang : “Ibumu ?”
Ipin : “Inggih eyang. Crita lah eyang”
Eyang : “Ibumu biyen kuwi apik budine , sabar , lan seneng nulung wong liya”
Upin : “O… saka teka iku ya Ipin, kita seneng nulung wong liya”
Ipin : “Bener, bener, bener. Eh eyang, ibu niku jahat mboten, kaya tiyang ing mrika niku ?”
Pangucape Ipin karo nglirik mbakyune.
Mbak Ros : “Apa ? hemmm ?”
Eyang : “Ibumu biyen kuwi ora jahat, apik budine”
Upin : “eyang, eyang. Ibu niku ayu mboten ?”
Mbak Ros : “Ayu, mirip aku. Nyapo ?”
Eyang : “Ayu, ana andeng-andeng mirip eyang. Wis eyang arep menyang pawon. Kowe padha turu wae.”
Upin lan Ipin ngalih saka panggon kuwi lan mlebu ing kamare dhewe-dhewe.

2.

Sesuke, Upin lan Ipin takon maneh marang mbakyune sing lagi nyapu-nyapu.
Ipin : “Mbak…. Pripun kok caranipun ?”
Upin : “Ayolah mbak…”
Mbak Ros : “Wis ngene wae. Sesuk isuk-isuk kowe melu aku.”
Upin : “Dhateng pundi mbak ?”
Mbak Ros : “Wes talah. Melu wae. Saiki kowe dolan wae”
Ipin : “Ayo Upin, kita dolan wae. Daaaah mbak….”

Upin lan Ipin banjur dolan ing omahe kanca-kancane. Nanging kabeh kancane duwe kerepotan dhewe-dhewe. Nalika mampir ing omahe Mail, Mail katon nyantai lan ora repot blas.
Upin lan Ipin : “Halo Mail…”
Mail : “Hem, apa ?”
Upin : “Kowe kok tenang-tenang wae ? Ora ngerewangi ibumu ?”
Ipin : “Iya, kanca-kanca liyane padha repot dhewe-dhewe. Ana sing nggawe roti, ana sing ngresiki omah,lan ana sing nggawe pantun. Kabeh repot nyiapake dina ibu.”
Mail : “Apa sing kudu tak ewangi maneh ?? Saben dina aku ngewangi ibuku dodolan. Kurang apa maneh ? Kesel aku.”
Upin : “Yen ngono, dolan yuk”
Ipin : “Gelem ora melu awak dhewe dolan ?”
Mail : “Yowis lah, ayo. Tinimbang ing omah. Ayo”
Upin, Ipin, lan Mail dolan ora jelas tujuane. Nanging wong telu kuwi mara-mara teka mendayoh ing omahe Meimei.
Upin, Ipin, lan Mail : “Assalamualaikum, Meimei”
Meimei : “Waalaikumsalam, eh Upin, Ipin, Mail. Ayo mlebu mlebu”
Upin, Ipin, lan Mail mlebu ing omahe Meimei. Meimei katon repot banget. Kelir, pathelot, gunting, lan kertas werna-werni sumebar ing teras omahe.
Upin : “Kowe lagi nggawe apa, Meimei ?”
Meimei : “Aku lagi nggawe kertu ucapan dina ibu kanggo amakku”
Mail : “Lapo kowe ora tuku nang aku ? Rong ewu rupiah wae kok”
Meimei : “Ora, nggawe dhewe luwih special. Dina ibu iku dina ngebales kabeh budine amak marang kita”
Ipin : “Bener, bener, bener. Luwih special. Apa iku tulisane, Mei ?”
Meimei : “Rungok ake ya ! ‘Amak kula ayu. Amak kula apik budine. Amak kula pinter masak. Kula sayang amak kula”
Meimei maca karo rasa bangga.
Upin : “Heehhh apa iki ? Saking Meimei sing ayu ? Hueeeek!”
Ujare Upin sakmarine maca tulisan ing ngisor kertu ucapan kuwi.
Meimei : “Sak karepku laaa… Kan aku sing nggawe. Huh”
Ipin : “Meimei, ajarake aku nggawe kertu iki pisan yaa ?”
Upin : “Aku iya…”
Mail : “Aku !!!”
Meimei : “Okelah… Mula-mulane jupuken kelir, kertas, gunting, lan kertas werna-werni. Mari iku delengen caraku, melokono.”
Upin, Ipin, lan Mail njupuk peralatan dhewe-dhewe lan ndeleng sing dilakoake Meimei banjur niruake. Petang wong iku nggawe kertas dibentuk-bentuk. Ana bentuk ati, kembang, rupa-rupa. Banjur ditulisi ngangge kelir werna-werni.
Meimei : “Wis dadi kabeh ?”
Mail : “Wis laa… Upin, Ipin ?”
Upin : “Wis…”
Ipin : “Aku yawis. Eh Upin, sesok isuk-isuk kan kita kudu melu mbak Ros ?”
Upin : “Eh iya… Yen ngono, Meimei, Mail, aku lan Ipin mulih disik ya ? Ayo Ipin !”
Ipin : “Daaaa…”
Meimei : “Daaa…”
Mail : “Yawes, yawes. Daaa…. Awak dhewe dolanan apa iki Meimei ?”
Meimei : “Dolanan masak-masakan…”
Upin lan Ipin mulih menyang omahe karo nggawa kertu ucapan sing digawe ing omahe Meimei.

3.

Sesuk esuke, Upin lan Ipin tangi esuk-esuk banjur adhus. Dina iki loro bocah kuwi arep melu mbakyune ngrayaake Dina Ibu. Mbakyune wis ngenteni ing ngarep omah.
Mbak Ros : “Upin…. Ipin…. Cepet”
Upin lan Ipin mlayu menyang mbakyune.
Upin lan Ipin : “Nggih, mbak.”
Ipin : “Mbak… kita badhe tindhak pundi ?”
Mbak Ros : “Wis lah. Melu aku wae yo”

Telu wong kuwi mlaku bareng-bareng. Upin lan Ipin mlaku ngintil ing mburine mbakyune sing nggawa kranjang isi kembang. Nanging bocah loro kuwi ora takon apa-apa lan meneng wae.
Akhire Mbak Ros, Upin lan Ipin teka ing panggonan sing dituju. Panggonan sing dimaksud yaiku pusarane wong tuwane.
Upin : “Mbak, punapa kita wonten ing mriki ?”
Mbak Ros : “Awak dhewe kan wis ora duwe wong tuwa, dadi acara dina ibu iki ing kene wae. Ngedunga’ake wong tuwa kita mugi-mugi diwenehi panggonan kang paling istimewa ing sebelahake Gusti Pangeran”
Ipin : “Amin…”
Upin : “Olah… amin”
Mbak Ros : “Wis, ayo padha-padha maca surat Yasin”
Upin lan Ipin : “Bismillahirrahmanirrahim”

Sawise ndunga, Upin lan Ipin ngrewangi mbakyune naburake kembang ing pusarane ibu lan bapake banjur nyelehake kertu ucapan sing digawe bareng Meimei lan Mail wingi.

Mbak Ros : “Wis… Ayo padha mulih”

Telu wong iku ngalih saka pusara lan budhal mulih.
Ing ngarep omah, Ipin ndeleng ana Meimei. Banjur Ipin mlayu marani Meimei.
Ipin : “Meimei…”
Meimei : “Eh Ipin, saka ngendi wae kowe ?”
Ipin : “Aku saka pusarane wong tuwaku, nyapa ?”
Meimei : “Ora, aku arep methuki eyangmu kanggo ngeterake iki… Eyangmu ana ?”
Upin : “Ana… Ayo”

Meimei diterake Upin lan Ipin methuki eyang kanggo ngewenehi gawanan saka amakke Meimei marang eyange Upin lan Ipin.
Upin lan Ipin : “Assalamualaikum, eyang”
Eyang : “Waalaikumsalam, eh putu-putuku wis padha teka”
Meimei : “Assalamualaikum, eyang”
Eyang : “Waalaikumsalam. Eh ana Meimei pisan”
Meimei : “Inggih, eyang. Kula diutus ibu maringake niki damel eyang”
Eyang : “Apa iki ?”
Meimei : “Niku saking ibu eyang. Ibu wau ngendika niku damel eyang, damel wujud sayang ibu dhateng eyang wonten dinten ibu niki”
Eyang : “Oala… Matur suwun. Ibumu iku repot-repot wae”
Meimei mek mesem wae.
Meimei : “Selamet dinten ibu…”

No comments:

Post a Comment