Friday, October 15, 2010

Sesorah (Pidato Bahasa Jawa)

Widya Prihesti Iswarani / IX-8 / 30

Gati Lingkungan

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Ingkang kula sumanggaaken Ibu Endang Sunarsih ugi Kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Kaping sepindah, monggo kita ngaturaken syukur dhumateng Kehadirat Allah SWT, ingkang dinten menika kita taksih diparingi gesang. Shalawat lan salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW, ingkang sampun nuntun kita dhumateng margi ingkang leres.
Kula Widya Prihesti Iswarani, dalem wekdal menika kula badhe ngaturaken sesorah bab lingkungan.
Sak derengipun, kita sampun mangertosi menawi kintun-kintun menika pekawis bab lingkungan sering kita meringaken. Contoh : pekawis es dhateng kutub lor ingkang meleleh, pekawis sampah, ngantos polusi lan pencemaran. Sedaya pekawis kala wau mboten nyekecaaken, nanging anehipun pekawis punika mboten ndadosaken kita tambah gati kaliyan lingkungan. Mung wonten sekedhik tiyang ingkang migatosaken damel nyelametaken lingkungan lan dados aktifis gati lingkungan.





Pekawis lingkungan ingkang paling rame dirembug kintun-kintun menika yaiku bab melelehipun es dhateng kutub lor. Balok-balok es ingkang ageng-ageng sanget meleleh amargi saking panasipun ndonya (global warming). Melelehipun es punika sampun mesthi nambah volume toya segara, pramila menika toyanipun laut terus tambah lan permukaan segara terus tambah, kintun-kintunipun daratan dados banjir. Sak sanesipun kutub lor, melelehipun es ugi wonten dhateng kutub kidul utawi benua antartika. Proses lelehipun es kutub kidul luwih cepet tinimbang ing kutub lor. Global warming punika dipun akibataken amargi lapisan ozon bolong. Kula rumaos ajrih dhateng sak ngandape srengenge amargi lapisan ozon ingkang bolong kala wau. Kita mboten sumarep kados pundi caranipun ndandosi bolongipun lapisan ozon.
Punapa ingkang nyebabake lapisan ozon bolong? Wonten kathah pekawis ingkang ndadosaken rusakipun lapisan ozon. Ingkang sampun kita sumerepi ndamel bolongipun lapisan ozon nggih menika Green House Effect. Nanging kula mboten mbahas Green House Effect, amargi wonten ingkang luwih sederhana ingkang saged ngrusak lapisan ozon.
Wewangen. Semprotan rikma. Semprotan obat nyamuk. Kulkas. AC. Sedaya kala wau wonten kandunganipun bahan ingkang saged ngrusak ozon.
Ingkang saged kita lampahaken sak menika nggih nyuda ngginaaken bahan-bahan ingkang saged ngrusak lapisan ozon. Pramila menika, kita mesthi ngginaaken bahan ramah ozon.
Kita kudu eling, para kanca, menawi gati kaliyan lingkungan mesthi njalari lingkungan panjenengan langkung sehat lan sekeca.

Monggo sareng-sareng nerapaken gati lingkungan lan STOP GLOBAL WARMING!
Dalem kinten cekap semanten atur kula, menawi wonten kalapatan utawi atur kula ingkang mboten reno ing penggale kula aturaken pangapunten dumateng panjenengan sedaya. Matur suwun marang kawigatosanipun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


No comments:

Post a Comment